01 Yen tak sawang sliramu Kaya tugu Njenggelek ora untek Bisu tanpa swara, apa maneh tembung alus Manuhara Katresnan iki tumplek blek Tan ana sisa, pinda tetanen kasatan toya, Atus… Aking, garing… Sinawang lunglit, raga waspa Tanpa nyawa Ya… Allah… 02 Wus dina sanga Tan menangi padange rembulan, Wengi iki wanci handadari Sapa ngira raga masik turu Kemlasa Ambegan siji – telu Metung jangkepe ambal warsa Sangkan paraning dumadi. Aduh Gusti… Sapa ngira taksih bisa metung Pecakan surya kaping sanga. Tyase rupa… 03 Wengi kang pungkasan, socamu Sesawang mata walang Mosik kersane Allah Gusti Kapan jantra pinesti. Ana cahya anelahi, tembang mijil Mangentha tuntume yuswa Tedak jagat langgeng Mbanyu mili donga swarane Mbrengengeng pindha jutan ewon Tawon buyaran Wengi pungkasan Donya sinawang sepa Sepi… Wektu Manut jantramu (82017)
Komentar
Posting Komentar