Nyawang Wengi
Tinon atis, nanging dedonga kadyo byor lintang kemanthil tawang Surya anelahi gawe pepadang petenging qolbu deting jantung mecaki ilining rah wewarah Aduh ... Gusti Njawi maksih dalu Soca rem dinulu Donya rinasa alit nyawiji karsa-Mu Datan polah raga sagotrah Menangi tintrim sakprotelu dalu, uwung lelawung memuji Hyang Agung Nggalek, 13052019 Teguh Sastra