Guritan : WENGI MUNGKASI
01
Yen
tak sawang sliramu
Kaya
tugu
Njenggelek
ora untek
Bisu
tanpa swara, apa maneh tembung alus
Manuhara
Katresnan
iki tumplek blek
Tan
ana sisa, pinda tetanen kasatan toya,
Atus…
Aking,
garing…
Sinawang
lunglit, raga waspa
Tanpa
nyawa
Ya…
Allah…
02
Wus
dina sanga
Tan
menangi padange rembulan,
Wengi
iki wanci handadari
Sapa
ngira raga masik turu
Kemlasa
Ambegan
siji – telu
Metung
jangkepe ambal warsa
Sangkan
paraning dumadi.
Aduh Gusti…
Sapa
ngira taksih bisa metung
Pecakan
surya kaping sanga.
Tyase
rupa…
03
Wengi
kang pungkasan, socamu
Sesawang
mata walang
Mosik
kersane Allah Gusti
Kapan
jantra pinesti.
Ana
cahya anelahi, tembang mijil
Mangentha
tuntume yuswa
Tedak
jagat langgeng
Mbanyu
mili donga swarane
Mbrengengeng
pindha jutan ewon
Tawon
buyaran
Wengi
pungkasan
Donya
sinawang sepa
Sepi…
Wektu
Manut
jantramu
(82017)
Komentar
Posting Komentar