Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2019

Nyawang Wengi

Tinon atis, nanging dedonga kadyo byor lintang kemanthil tawang Surya anelahi gawe pepadang petenging qolbu deting jantung mecaki ilining rah wewarah Aduh ... Gusti Njawi maksih dalu Soca rem dinulu Donya rinasa alit nyawiji karsa-Mu Datan polah raga sagotrah Menangi tintrim sakprotelu dalu, uwung lelawung memuji Hyang Agung Nggalek, 13052019 Teguh Sastra

Saat Bertemu

Sudah kulupa wajahmu Garis wajah membuat berubah Harian menjadi setumpuk sampah bau Sudah lupa namamu Kamu teman sebangku Tapi tidak seperti itu, tua dan rapuh Lupa usia... Hidup sia sia Ampun ya... Allah Sepenggal nafas hanya asmamu Kusebut satu... satu. Nggalek,11052019

Guritan : "Nang Nung"

*guritan:* *nang nung* Anane tan ana nang, namung Hyang Wenang Samubarang kalir, jejer kahanan sinabda Kawusanane tan ana Nung dumunung rinengga rengga donya kasat donya sonya rungi Hyang Agung sawiji Jagat... Nang Nung Sapa baya amenangi Bawana sepa sepi mijil ing raga sarandu... Tumeleng ing teleng qolbu Nang ... Nung ... Gung ... Nggalek, 10520019 teguh satra

guritan antri

mbaka siji metung dina sawiji tetuwuh tambuh anelahi "haduh Gusti... kapan baya amenangi   katresnaning biyung   lelayung kanugrahanimg aji" hyang surya ngumbara njangka dina sengkala .... gegodongan seba ing bantala gilir gumanti kadya awan - wengi datan selak, mungkasi kekayon apus mupus "haduh Gusti ...   kapan sun menangi katresnanMu   mijil raga sarandu" 10  Mei 2019