guritan antri
mbaka siji metung dina
sawiji
tetuwuh tambuh anelahi
"haduh Gusti... kapan baya amenangi
katresnaning biyung
lelayung kanugrahanimg aji"
hyang surya ngumbara
njangka dina sengkala
.... gegodongan seba ing bantala
gilir gumanti kadya awan - wengi
datan selak, mungkasi
kekayon apus
mupus
"haduh Gusti ...
kapan sun menangi katresnanMu
mijil raga sarandu"
10 Mei 2019
sawiji
tetuwuh tambuh anelahi
"haduh Gusti... kapan baya amenangi
katresnaning biyung
lelayung kanugrahanimg aji"
hyang surya ngumbara
njangka dina sengkala
.... gegodongan seba ing bantala
gilir gumanti kadya awan - wengi
datan selak, mungkasi
kekayon apus
mupus
"haduh Gusti ...
kapan sun menangi katresnanMu
mijil raga sarandu"
10 Mei 2019
Komentar
Posting Komentar